Header Ads

Menabrak Pesta Pernikahan

Polisi: “Ya’ opo critane sampek koen nabrak uwong 20 iku?”

Mukidi: “Aku nyetir mobil kecepatan 90 km/jam. Pas nang pertelon moro2 rem-e blong. Nek ngiwo onok wong lanang loro, lha nek nengen onok pesta kawinan. Cobak nèk Bapak, pilih nabrak sing endi?”

Polisi: “Yo mesti ngiwo, korbane luwih thithik.”

Mukidi: “Persis..!! Aku yo mikir ngono Pak!”

Polisi: “Trus la’opo wong2 sing nang pesta kawinan sing malah kowe tabrak?!”

Mukidi: “Lhaaa, niku masalahe. Aku wis milih wong lanang loro sing nang kiwo, eh dek-e mlayu nyabrang moro nang pésta kawinan… dadi aku yo mbanting stir nengen, nguber wong loro mau Pak…!”

Polisi: “Guoobluooogg. . . . !

Mukidi: “Enggih leres!! Pancen wong lanang loro mau guooblooogg, Pak Polisi…”

Sumber : www.malau.net

Tidak ada komentar

Diberdayakan oleh Blogger.